Dating site Kristen pertama dan terbesar di Indonesia

Daftar sekarang secara gratis

JK Javanese

ForumCampur-campur

12451 – 12475 dari 49537    Ke halaman:  Sebelumnya  1 ... 498  499  500 ... 1982  Selanjutnya Kirim tanggapan

  • JULI739

    25 November 2018

    Bahasane mlipis mlipis

    Kulo maos mawon lah

  • 25 November 2018

    JULI739 tulis:

    Bahasane mlipis mlipis

    Kulo maos mawon lah

    bahasa indonesia atau ngoko juga boleh 😁✌️

  • CHRISTIAN983

    29 November 2018

    Putraku..si ande..ande..ande lumut(en),tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi.putrine kang manis rupane,putri JK kui kang dadi arane....

  • 29 November 2018

    CHRISTIAN983 tulis:

    Putraku..si ande..ande..ande lumut(en),tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi.putrine kang manis rupane,putri JK kui kang dadi arane....

    Yuyu kangkang 😅

  • CHRISTIAN983

    29 November 2018

    Mbakmbak masmas

    AYUSARI311 tulis:

    Yuyu kangkang 😅

  • CHRISTIAN983

    29 November 2018

    Eeh nyawang munyuk karo munyuk yang2an.petan-petanan.kog yo mesra men yo

    Lho kui munyuk wae yang2an,,mosok aq ora.jadi isin aq nyuk...

  • 30 November 2018

    Lha yo wess gek ndang tho masbro...

    Kari nunjuk, ambek sing endhi e, wes akeh kenalan putri JK lho....

    Jok suwe2 milih. Pilih-pilih tebu boleng engko...

    .

    CHRISTIAN983 tulis:

    Eeh nyawang munyuk karo munyuk yang2an.petan-petanan.kog yo mesra men yo

    Lho kui munyuk wae yang2an,,mosok aq ora.jadi isin aq nyuk...

  • CHRISTIAN983

    1 Desember 2018

    Insya Allah mboten pakdhe.tp kl toh dapet yg boleng,disyukuri aja bhw msh ada yg mau sm sy,wong sy juga ngga se-suci itu

    ANTO381 tulis:

    Lha yo wess gek ndang tho masbro...

    Kari nunjuk, ambek sing endhi e, wes akeh kenalan putri JK lho....

    Jok suwe2 milih. Pilih-pilih tebu boleng engko...

    .

  • FAJAR882

    1 Desember 2018

    Kula nuwun... :-)

    Kados pundi kabaripun, para kadang taruna JK Javanese?

  • FAJAR882

    1 Desember 2018

    Sampun sawatawis dangu, kula mboten mampir wonten thread (grup) JodohKristen punika, kok sajak'e kanca-kanca saking Jawi punika, sakpunika lajeng sami remen nggegulang saha angleluri babagan kasusastran Jawi.

    Ah, mumpung wekdale wironggan, tak ndherek nimbrung njih.. :-) Nuwun..

    CHRISTIAN983 tulis:

    Putraku..si ande..ande..ande lumut(en),tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi.putrine kang manis rupane,putri JK kui kang dadi arane....

    Ingkang sampun kaserat dening Rakamas Christian wonten nginggil punika, pethikan cakepan (bhs. Ind.: syair) ingkang kapendhet saking tembang "Andhe-andhe Lumut", salah satunggale lakon Kethoprak.

    Jenis tembang/lagu: dolanan.

    Larasipun: Slendro; Pathet: saget 9 (sanga) utawi manyura, gumantung wonten perangan jejer (scene) kethoprak ingkang pundi badhe tinembangaken.

    Menarik.

  • FAJAR882

    2 Desember 2018

    Geguritan cekak (puisi pendek)
    _______________________

    Nalika rembulan tumungkul tajem ing pertiwi
    esem-mu kumlawe njiwit ketigane ati.
    Nuwuhake rasa sih anyar,
    kinclong-kinclong kaya bun sapucuke suket-suket.

    Dhuh nimas, ngak-na kori pasuarganmu
    aku bakal lumebu, mulih
    ana ing asal mula.

    Sawuse lawas anggonku ngumbara dhewe
    ana ing wengi-wengi dawa
    kang sepi.

    ____________
    (*Sekali-sekali ber-mellow-ria, :-D hahhaa.. Sekedar mengisi waktu luang, sembari mengendorkan urat syaraf.)

  • CHRISTIAN983

    2 Desember 2018

    Punika ta warnanira,,sinten ta ingkang miyos ing wayah dalu puniki,,sajak geguritan nggugah ing manah,,byar byar jenggirat katon saking katebihan,,pyayi ngayogyeskarta jumbedhul rakamas fajar woluwoluloro....(gek ndang tabuhana dim)..hehe

    Wilujeng dalu ugi,dimas

    - ngene ki,njuk apa ya ana sing mudheng ya -

    2 Desember 2018 diubah oleh CHRISTIAN983

  • FAJAR882

    2 Desember 2018

    CHRISTIAN983 tulis:

    Punika ta warnanira,,sinten ta ingkang miyos ing wayah dalu puniki,,sajak geguritan nggugah ing manah,,byar byar jenggirat katon saking katebihan,,pyayi ngayogyeskarta jumbedhul rakamas fajar woluwoluloro....(gek ndang tabuhana dim)..hehe

    Menawi nitik basanipun, kados pocapan Dhalang (Wayang Kulit, Ringgit Purwa).. dados tabuhan ingkang trep inggih punika srepeg Lasem.

    Ning, gandheng niki wau saweg Kethoprakan, kadosipun langkung prayogi menawi mawi tabuhan Srepeg 9 Mataraman mawon njih..

    Monggo, tabuhane kula titipaken (mbak-)You Tub(-e) mawon.. Mugi saget dados kersanipun, saha karenan ing penggalih.. :-)

    Srepeg 9 Mataraman [durasi 03:50']:

    . . .

    Wilujeng dalu ugi,dimas

    - ngene ki,njuk apa ya ana sing mudheng yo -

    Yo yen ora (durung) mudheng, yo gen dha blajar.. Ing atase thread/topik "JK-Javanesse" ki, tak kira isih trep lan prayoga yen di-enggo sinau babagan budaya Jawa bebarengan.. :-) Hehehehe..

  • 5 Desember 2018

    Shallom,

    Mengharapkan kehadiran saudara/i JK area solo, jogja, klaten dan sekitarnya di acara persekutuan JKS ke-9

    Hari : Minggu, 9 Desember 2018

    Tempat : Jl Sriningsih km 3 gantiwarno klaten.

    Informasi lebih lanjut hubungi mbak selvi912.

    Kami JK area solo akan berangkat bersama-sama jam 11 dr Tohudan Colomadu.

    Semoga banyak teman2 yg bs datang untuk bergabung bersama dengan kami 🙏🙏 sampai jumpa, Tuhan memberkati 😇😇

  • NUGRA917

    8 Desember 2018

    Wah sansoyo kroso mambu jawane iki.

    Wes ono geguritan, tembang, karawitan barang e...

    .

    FAJAR882 tulis:

    Menawi nitik basanipun, kados pocapan Dhalang (Wayang Kulit, Ringgit Purwa).. dados tabuhan ingkang trep inggih punika srepeg Lasem.

    Ning, gandheng niki wau saweg Kethoprakan, kadosipun langkung prayogi menawi mawi tabuhan Srepeg 9 Mataraman mawon njih..

    Monggo, tabuhane kula titipaken (mbak-)You Tub(-e) mawon.. Mugi saget dados kersanipun, saha karenan ing penggalih.. :-)

    Srepeg 9 Mataraman [durasi 03:50']: youtu.be/2t6SIpbHNlk . . .

    Yo yen ora (durung) mudheng, yo gen dha blajar.. Ing atase thread/topik "JK-Javanesse" ki, tak kira isih trep lan prayoga yen di-enggo sinau babagan budaya Jawa bebarengan.. :-) Hehehehe..

  • HERMINTO953

    8 Desember 2018

    Oalah rek, ce wuakeh ne para jomblowan karo jomblowati nang kene rek rek 😀😀

  • FAJAR882

    8 Desember 2018

    NUGRA917 tulis:

    Wah sansoyo kroso mambu jawane iki.

    Wes ono geguritan, tembang, karawitan barang e...

    .

    Wah, ampun ngendika ngaten to, Mas..

    Mengko mundhak ana sing kleru panampi (salah paham), dikiro yen wong jowo ki mambu. :-p

  • FAJAR882

    8 Desember 2018

    HERMINTO953 tulis:

    Oalah rek, ce wuakeh ne para jomblowan karo jomblowati nang kene rek rek 😀😀

    Santei wae Cak.. Monggo disapa satu demi satu.

    Siapa tahu, jodoh.. Hehehe..

  • HERMINTO953

    9 Desember 2018

    Amin Cak Fajar

    FAJAR882 tulis:

    Santei wae Cak.. Monggo disapa satu demi satu.

    Siapa tahu, jodoh.. Hehehe..

  • 9 Desember 2018

    Lah lak nggih makaten tho masbro Fajar?

    ..

    FAJAR882 tulis:

    Wah, ampun ngendika ngaten to, Mas..

    Mengko mundhak ana sing kleru panampi (salah paham), dikiro yen wong jowo ki mambu. :-p

    9 Desember 2018 diubah oleh ANTO381

  • CHRISTIAN983

    10 Desember 2018

    Yo isih mambu mambu sedulur lah

  • CHRISTIAN983

    10 Desember 2018

    Trus kate lapo,ancene ndhik kene panggonane poro jomblo ker.entasno ta la jomblowati-e,ce' e sudo

    HERMINTO953 tulis:

    Oalah rek, ce wuakeh ne para jomblowan karo jomblowati nang kene rek rek 😀😀

    10 Desember 2018 diubah oleh CHRISTIAN983

  • FAJAR882

    11 Desember 2018

    ANTO381 tulis:

    Lah lak nggih makaten tho masbro Fajar?

    ..

    Hahaha..

    Inggih.. Sekitar 90% (dari yang dikatakan mas Nugra) niku, janne kula nggih setuja-setuju mawon.

    Nggih namung nggon tembung "mambu" niku lho, sing ndadosaken raos kok kados kirang sekeca.

    Ning, mboten dados punapa. Jer 'niki lan niku' wonten thread mriki namung sauger pasendhon, gegojegan utawi guyonan kemawon.

    Nuwun.

  • 11 Desember 2018

    Suwun masbro FAJAR...

    sumonggo dipun sekecakaken, kalanjutaken gegujeganipun.

    ..

    FAJAR882 tulis:

    Hahaha..

    Inggih.. Sekitar 90% (dari yang dikatakan mas Nugra) niku, janne kula nggih setuja-setuju mawon.

    Nggih namung nggon tembung "mambu" niku lho, sing ndadosaken raos kok kados kirang sekeca.

    Ning, mboten dados punapa. Jer 'niki lan niku' wonten thread mriki namung sauger pasendhon, gegojegan utawi guyonan kemawon.

    Nuwun.

  • CHRISTIAN983

    13 Desember 2018

    Pak kemis neng pasar rebo...hei,,koe bocah manis,neng pasar ora suk rebo

12451 – 12475 dari 49537    Ke halaman:  Sebelumnya  1 ... 498  499  500 ... 1982  Selanjutnya Kirim tanggapan